Entri Populer

Minggu, 09 Januari 2011

LAPTER BLIMBINGSARI



BANDARA BLIMBINGSARI LAYANI PENERBANGAN KOMERSIAL


 Pemerintah Kabupaten (Pemkab) Banyuwangi, Jawa timur (Jatim), akan membuka penerbangan komersial di Lapangan Terbang Blimbingsari Kecamatan Rogojampi. Penerbangan komersial pertama akan ditandai dengan pendaratan pertama Pesawat yang mengangkut Rombongan Gubernur Jatim, pada Rabu (29/12). 

"Pendaratan pertama pesawat yang mengangkut rombongan Gubernur Jatim akan jadi penanda dilaksanakannya penerbangan komersial di Lapangan Terbang Blimbingsari," kata Kepala Bagian (Kabag) Humas Pemkab Banyuwangi Isa Anshori, saat dihubungi wartawan, Selasa (28/12). 

Anshori mengatakan, penerbangan komersial yang membawa penumpang dari dan menuju lapangan terbang (Lapter) Blimbingsari, dilakukan atas kerjasama Pemkab Banyuwangi dan Sky Aviation. Kerjasama dilakukan dengan sistem block seat, yakni Pemkab Banyuwangi dan Sky Aviation bersama-sama menanggung setengah dari jumlah penumpang pesawat. 

Selain itu, sambungnya, Pemkab banyuwangi juga akan mendukung investasi yang dilakukan oleh maskapai penerbangan Sky Aviation dengan menyediakan angkutan penumpang menuju Lapter Blimbingsari dan sebaliknya. 

"Sebagai bentuk dukungan kami, Pemkab Banyuwangi akan menyediakan armada angkutan untuk membawa penumpang menuju Lapter Blimbingsari dan sebaliknya," papar Anshori. 

Pada tahap pertama, lanjutnya, Sky Aviation akan mengoperasikan pesawat Grand Caravan, yang memiliki kapasitas penumpang sembilan orang. Pesawat bermesin tunggal itu akan dioperasikan selama satu bulan. Apabila animo masyarakat meningkat, pada bulan Pebruari 2011 mendatang, Sky Aviation akan mengoperasikan pesawat Fokker yang memiliki kapasitas penumpang 
antara 40 - 50 orang. 

Anshori mengatakan, pada tahap awal ini, tarif yang dikenakan pada setiap calon penumpang sebesar Rp900.000 untuk rute Banyuwangi Surabaya dan sebaliknya. Sedangkan untuk rute penerbangan Banyuwangi-Ngurah Rai Bali, setiap penumpang dikenakan biaya Rp500.000. 

Pesawat itu akan beroperasi sebanyak tiga kali dalam seminggu, pada Senin, Rabu, dan Jumat, dengan rute penerbangan Surabaya-Banyuwangi-Bali, dan sebaliknya. 

"Kalau memang animo masyarakat meningkat, maka tidak menutup kemungkinan tarif yang dikenakan akan lebih murah. Karena, pesawat yang dioperasikan nanti akan memiliki kapasitas yang lebih banyak," ujarnya. 

Menjawab pertanyaan wartawan, Anshori mengatakan bahwa pihaknya terus melakukan koordinasi dengan Badan Meteorologi Klimatologi dan Geofisika (BMKG) untuk selalu memantau kondisi cuaca, terkait rencana penerbangan perdana di Lapter Blimbingsari. Hal ini dimaksudkan untuk menjaga kelancaran dan keselamatan penerbangan, terkait kondisi cuaca yang sering 
berubah, akhir-akhir ini. 

Dalam kesempatan itu Anshori mengatakan bahwa peresmian penerbangan di Lapter Blimbingsari ini diharapkan dapat menjawab kebutuhan masyarakat akan transportasi menuju Surabaya ataupun Denpasar. Pasalnya, untuk menuju Surabaya ataupun Denpasar dirasakan cukup banyak memakan waktu. 

"Karena jauhnya jarak, sering kali menjadi keluhan, karena harus banyak menghabiskan waktu di jalan," ujarnya. 

Menurut Anshori, dengan memanfaatkan pesawat terbang, jarak tempuh Banyuwangi-Surabaya hanya sekitar 40-60 menit. Sedangkan dari Banyuwangi menuju Denpasar, Pesawat Grand Caravan hanya membutuhkan waktu tempuh antara 30-40 menit. (OL-3) 

ASAL USUL KOTA BANYUWANGI

WATU DHODOL

ASAL-USULE WATU DHODHOL

Kanggo keperluane VOC, Residen Schophoff uleh perintah teka atasane supaya ring Banyuwangi dibangun lurung hang keneng diliwati kendharaan sampek gadug nong Surabaya. Mula Residen Schophoff perentah nong Bupati Mas Alit supaya ngurak-urak rakyate kanggo ngersaya. Penjaluk iku dituruti. Rakyat Banyuwangi, tuwek enom, lanang wadon padha gemerudug ngersaya gawe lurung sakat teka kulone pendhapa ngaloraken.
Ngersaya iku sampek ulan-ulanan. Aja takon pira korbane. Rakyat Banyuwangi nalika iku rumangsa dipateni nganggo cara liya. Arep sing mati kelendi? Megawe raina bengi sing kathik diuweni madhang. Aran mayid keleran sak dalan-dalan. Korban saya akeh nalika kudu ndhodhol gunung watu pinggir segara. Mas Alit, bupati Banyuwangi kala iku susah sing kaitungan. Iyane sing gelem rakyate dadi korban tanpa aji. Mula, ngersaya diendhegaken ambi Mas Alit. Sedheng VOC hang bisane mong merintah, weruh ngersaya diendhegaken, jimprak-jimprak muring sing karuan. Lurung kudu gancang mari. Naming balane dhewek sing diperentah milu ngrsaya. VOC mula menange dhewek.
Sebalike Mas alit kukuh nong karepe. “Ngersaya kudu diendhegaken. Rakyat isun wis akeh kang mati. Sedheng Welanda enak-enak malangkerik ambi tuding-tuding. Sing bisa. Ngersaya kudu mogok!” jare Mas Alit tegas nyang Residen Schophoff.
Residen Schophoff sing wani nalar nyang Mas Alit, merga ana resolusi teka Gubernur Jenderal van der Parra hang ana ring Batavia tanggal 7 Desember 1773, kang isine sakliyane ngangkat Mas Alit dadi bupati uga perentah supaya nguwah cara-carane merentah rakyat teka cara kasar nong cara ngapiki rakyat.
Pungkasane, Mas Alit lan Residen Schophoff sepakat nganakaken sayembara. Sapa-sapa kang sagah ndhodhol gunung watu, arep ulih upah tanah hang werane sakat teka gunung watu iku ngidul sampek Sukowidi saiki. Sayembara iku dibukak sampek ulan-ulanan hing ana kang sanggup ngeleboni. Emane Mas Alit enget nyang wong kang arane  Ki Martajaya. Bengen Ki Martajaya tau ngabdi dadi juru ramut jaran nong Mas Alit. Kerana uwonge pinter ilmu agama, Ki Martajaya diangkat dadi jaksa agama. Mulane Ki Martajaya ahire kejuluk aran Ki Buyut Jaksa. Saiki Ki Martajaya urip nyepi nong Gunung Silangu, ndhompleng ring pondhoke Kik Lemani kang duwe anak aran Nuriman. Nuriman diempet anak ambi Ki Buyut Jaksa.
Mas Alit perentah nong Singa Teruna, Singa Madya lan singa Dilaga supaya ngadhep nong Ki Buyut Jaksa. Sing kathik engko maning, wong telu iku gancang-gancang nyandhak jaran, lan nunggang jaran ngetepeng ngulonaken. Alas wingit sing dadi alangan. Sekabehe hang urip nong alas padha minggir sing wani nyeriwedi pelayune jaran. Serta gadug Gunung Silangu, wong telu mau kecaruk Kik Lemani lan Nuriman ring pinggir kalen.
“Assalamualaikum!” para Singa uluk salam meh barengan. Kik Lemanhi  kang buru ngedhunaken cingkek teka pundhake lan Nuriman kang buru nadhahi banyu gerojogan, sing gancang-gancang semaur. Merga rumangsa sing tau kenal. Naming Kik Lemani sing duwe rasa kuwatir. “Kadhung wong arep nyalah masa ngerti uluk salam?” jare Kik Lemani nong Nuriman.
“Waalaikum salam!” semaure Kik Leman ambi marek nong para Singa hang magih nong ndhuwure jaran iku. “Riko ketelon iki sapa, lan arep nyang endi?” Kik Lemani takon. Para Singa mudhun teka jaran. “Isun ketelon iki diutus  teka kabupaten nggoleti Ki Buyut Mertajaya utawa Ki Buyut Jaksa. Jere Kanjeng Mas Alit, uwonge ana ring Gunung Silangu kene. Nawi riko weruh panggonane nyepi, njaluk tulung duduhana.”
“Yeh….. gedigu. Ya ayo tututana isun. Nuriman! Thulik, ayo mulih!”
“Nggih, Pak,” sauté ambi gupuh. Sing antara suwe, para Singa ambi nuntun jarane dhewek-dhewek ngetutaken Kik Lemani lan Nuriman.
Sunare serngenge kenceng temebluk nong mbunbunan. Emane alas ring pinggire Gunung Silangu iku akeh uwit gedhe hang gembel godhonge. Dadi, raina iku tetep kerasa icis. Dalan munggah mudhun dilakoni sampek gadug nong pondhoke Kik Lemani ring ngisore uwit weringin. Ampik-ampik lan atepe digawe teka godhong lalang hang dijepit wilahan jajang. Latare rada wera lan iyub merga empang-empange weringin padha temiyung endhep.
“Iku gubugisun. Ki Buyut Jaksa ana ring njero. Anakisun Nuriman iki diempet anak,” jare Kik Lemani. Kira-kira Ki Buyut Jaksa rungu nong gemerenenge wong papat ring njaba gubug. Mulane iyane aju metu. Serta buru gadug nong lawang, “Eh, riko.” Para singa mau nyaut meh barengan, “Enggih, Ki.”
Wong papat iku aju salaman lan setengah meluk. Mari gedigu Singa Madya, Singa Dilaga lan Singa Teruna lungguh nong jodhog rada dhuwur ring ngisore uwit randhu hang merujuk ring buncu gubug. Wong papat gesah ambi diselani unyik lan guyu.
“Isun mula hing cocog kadhung dikongkon ketemu wong-wong rambut bajang iku. Paran maning dikongkon megawe bareng, aju dikongkon ngelayani kaya dene jongos nyang juragan,’ jare Ki Buyut Jaksa.
“Kepundi nggih? Kula meriki niki, mung ngelampahi perentah. Nawi Ki Buyut mboten purun, nggih kados pundi ulihe kula ngomong teng Ndara Kanjeng Mas Alit?” jare Singa Madya.
“Gedigi baen wis. Isun njaluk sepura. Gadugena salamisun nyang Mas Alit. Baktinisun magih kaya dene ombak segara. Naming atinisun magih bangkel nong wong-wong VOC. Mergane isun lan riko lan kabeh dulur Banyuwangi magih duwe aji.”
Serta wis gesah suwe ambi ngethepi sawi godhogan, para Singa rumangsa sing bisa ngemban perentah. Kedadean iku sing cukup sepisan pindho. Pungkasen pungkas, Ki Buyut Jaksa gelem nerima penjaluke Mas Alit. Naming kelawan sarat wong-wong VOC uga kudu gelem milu ngersaya, lan hang mimpin ngersaya iku kudu anak angkate dhewek, yaiku Nuriman kang mageh sewelas taun umure. VOC gelem nerima sarat iku. Naming Nuriman nampik, merga rumangsa sing anjrah, lare cilik merentah wong-wong kang lebih tuwek umure.
“Nuriman, menungsa urip iku kang penting pengucape. Masiya tuwek umure, naming elek, tanpa ana urub tata keramane, ya sing keneng dianut.”
“Aju napa kang kula lampahi?”
“Isun kang njangkungi. Sira aja wedi.”
Kelawan ati mantep, Nuriman nerima paran kang dikarepaken Ki Buyut Jaksa. Nuriman hang maune diajak gesah nong njero langgar pinggir kalen cilik, aju melaku nong gubuge dhewek. Langgar pinggir kalen iku digawe teka tumpukan watu tanpa dicampur luluh. Atepe digawe teka lalang.
Serngenge lingsir, kesilep ring walike gunung kulon. Suwarane cenggeret lan sekabehane kewan alas saut-sautan. Ki Buyut Jaksa lungguh silah dhewek ring tengah langgar, tanpa ana urube dammar. Sing antara suwe, mara-mara ana suwarane angin gemerosok keliwat-liwat. Naming sekabehane uwit-uwitan sing ana kang ubah. Gemerosok suwara mau temakaken abene angin kang ngeteraken rombongan dhemit ampyak-ampyakan teka elor Gunung Silangu.
Rombongan dhemit iku ana kang tukang mikul rajane. Jare, serange gedhene raja dhemit iku, endhase iku kaya barong lan awake dawa kaya lumping. Rombongan dhemit iku mula diceluk ambi Ki Buyut Jaksa. Raja dhemit adhep-adhepan ambi Ki Buyut Jaksa ring njero langgar. Para perajurit dhemit hang ewonan akehe padha nganteni ring njaba langgar.
“E, e, e… gonjleng, gonjleng, gonjleng …… langit sun sundhul, mega sun semprong lan segara sun uyup. Ana paran riko nekakaken isun?” jare rajane dhemit.
“Wangsa lelembut, lebu ring delamakanisun, bumi ring kethemanisun. Mula nyeja suntekakaken sira, supaya gelem ngerewangi ndhodhol gunung watu pinggir segara ring enggon siro urip.”
“Isun gelem ngerewangi. Naming ana telung sarat hang kudu riko turuti. Kawitan, aja ndodhol lebih teka anjir kang sunpathekaken. Kepindho, isun gawekna panggonan lungguh ring wetane dhodholan hang parek ambi segara. Lan kaping telu, rika lan turunan riko kudu gelem sambang-sambangisun angger taun.”
“Telung sarat kang riko jaluk sunturuti,” jare ki Buyut Jaksa.  “Isun njaluk tulung riko uga ngurak sekabehe perajurit riko supaya milu ngerewangi. Kang mimpin engko anakisun kang ran Nuriman.
“Kadhung gedigu, anakriko kudu nggawa kayu iki,” jare raja dhemit ambi ngelungaken kayu gedhene sak lengene lare cilik, dawane mung rong kilan.
Gesah antarane menungsa lan dhemit iku sampek tengah wengi. Rombongan dhemit mulih ninggalaken Gunung Silangu kaya mercon celorotan padha melesat ngalor.
Dina kang dijanjekaken wis teka. Para utusan Mas Alit padha nyusul Ki Buyut Jaksa. Serta para utusan mau gadug nong Gunung Silangu, Ki Buyut Jaksa, Kik Lemani lan Nuriman mapag kaya dene nampa dhayoh. Serta mari gesah ngalor ngidul, para utusan mau ngiring Nuriman kang ngempit kayu kanggo mimpin ngersaya. Nuriman diiring nong pendhapa aju rame-rame melaku ngalor, mudhun jurang, ngerobyok kalen sampek gadug nong gunung watu. Ki Buyut Jaksa mung njangkungi teka Gunung Silangu. Naming suwarane bisa mbisiki nong kupinge Nuriman.
“Nuriman, goletana sulung anjir wetan lan kulon. Gunung watu hang ring antarane rong anjir iku hang keneng didhodhol. Ring wetane anjir wetan, umanana segundhug watu kanggo tetenger,” bisike suwarane Ki Buyut Jaksa. Ki Buyut Jaksa sing njelasaken gok segundhug watu hang dikarepaken ring pinggir segara iku mula penjaluke raja dhemit kanggo pelungguhane.
Ngersaya dikawiti Mas Alit, diterusaken Residen Schophoff lan seteruse ngersaya rame-rame antarane rakyat Banyuwangi lan wong-wong VOC. Sekala iku, para dhemit milu nulungi, naming sing ngewujud nong alam menungsa. Kadhung bengi para dhemit mau wujud macan.
Emeh telung candra, ngersaya ndhodhol gunung watu buru bisa dimarekaken. Dalan teka kidul gunung wis bias nimbus watu lan nyambung ambi dalan elor gunung. Kabeh pada lega lan girang, penggawean wis rampung. Segundhug watu ring pinggir segara kang setemene panggonan lungguh raja dhemit iku saiki kejuluk aran Watu Dhodhol. Gunung Silangu panggonane Ki Buyut Jaksa nyepi, saiki dadi kampung Boyolangu.
Kanggo mbayar semaya kang wis kaucap Ki Buyut Jaksa nong raja dhemit, sampek saiki saben tanggal sepuluh sawal utawa lebaran, masarakat Boyolangu ampyak-ampyakan nong Watu Dhodhol ambi numpak dhongkar kang diarani adat “Puter Kayun”. Embuh ngerti embuh using kadhung puter kayun nyang Watu Dhodhol iku bengen dikarepaken enggo nyambang raja dhemit kaya kang wis dadi janjine Ki Buyut Jaksa.
Ki Buyut Jaksa kuburane nong Boyolangu. Umah panggone utusane Mas Alit kaya Singa Madya, saiki dadi kampung Singamayan. Singa Teruna dadi Singotrunan, lan Singa Dilaga dadi kampung Singodilagan.

SEBLANG

ADAT SEBLANG

Adat seblang ring Banyuwangi ana loro, yaiku Seblang Olehsari lan Seblang Bakungan. Diarani Seblang Olehsari polane dianakaken ring Desa Olehsari Kecamatan Glagah lan diarani Seblang Bakungan polane dianakaken ring Desa Bakungan Kecamatan Giri.
Karo-karone tujuane padha yaiku kanggo selametan desa makene sing ana balak belahi teka Gusti Pengeran, desa tentrem adem ayem sing kurang sandhang pangan.
Seblang Olehsari
Seblang Olehsari dianakaken ring minggu kawitan ulan Sawal utawa Lebaran Idul Fitri. Kadang pas lebaran pitung dino utawa enem dina utawa limang dina. Pokoke biyasahe minggu kawitan ulan Sawal. Adat Seblang Olehsari dianakaken lawase pitung dina terus-terusan. Mangkat jam 2 bedhug sampek jam 5 soren.
Kang dadi seblange kudu lare wadon kang magih enom lan magih keturunane Mbah Isem. Kang nentokaken sapa kang dadi seblang dudu sesepuh adat utawa Pak Lurah naming Buyut leluhure wong Olehsari kang wis urip ning alam kelanggengan. Kelendi carane? Biyasahe ring sawijine bengi meh parek pelaksanaan adat seblang roh leluhur mau nyusup nyang salah siji ragane warga Olehsari terus nguweni pituduh kapan pelaksanaane lan sapa seblange.
Ring pelaksanaane ritual adat Seblang Olehsari iku penari seblang njuget ambi kesurupan roh leluhur. Dadi setemene kang njuged iku roh leluhur mung nyilih ragane penari seblang. Kerana kang njuget iku roh leluhur, mula ring sela-selane njuget iku warga kang nyakseni ritual adat iku pating njaluk sarat rupa banyu kang didongane ambi “Buyut”.
Ring tengah-tengahe ritual adat seblang sekira jam 3 soren ana prosesi “adol kembang”. Kembang kang dikunduki ring jajang diedol nyang penonton. Para warga kabeh rebutan tuku kembang iku. Polane warga percaya kembang iku keneng dadi jalaran disembadani paran penjaluke lan perlune.
Serta dina kang pungkasan utawa dina kang kaping pitu, penari seblang sekira jam 3 soren sakmarine njuget ring ngisore payung agung, aju keliling ngubengi kampung kang diarani prosesi “ider bumi”. Angger ring pojok kampung seblange njuget ambi disakseni para warga kang ngetutaken.
Kadhung wis mari adat seblang dilakoni lawase pitung dina, warga desa Olehsari rumangsa kaya wis mbayar utang atine lega lan girang lan ngarep-arep mugaAllah desane tentrem ayem urip rukun apik sekabehane.

Seblang Bakungan
Seblang Bakungan dianakaken ring Ulan Haji utawa Lebaran Haji. Pelaksanaane mung suwengi. Mangkat jam 7 bengi, marine sekira jam 1 dalu.
Sedurunge seblang dimulai, sak marine magrib dianakaken prosesi ider bumi ngelilingi kampung Bakungan rame-rame marga Bakungan nggawa oncor. Angger gadug pojok kampung aju adan. Kang unik ring seblang Bakungan iki pas adat seblang iku mulai magerib listrik sak kampung dipateni. Kang ana mung damar teka oncor kang dipasang ring ngarep umahe warga. Dadi kahanan peteng sintru.
Panggonan ritual seblang Bakungan ring ngarepe balai dusun Bakungan. Ring kono para warga tumplek blek guyup milu nyakseni ritual seblang. Para bungkil asil bumi digantung dadi rerenggan kang ndhemenaken dhung disawang.
Kang dadi penari seblang kudu wong wadon tuwek kang wis “rijig” (sing menstruasi). Kang nentokaken sapa kang dadi seblang yaiku sesepuh adat. Seblang Bakungan njugede uga ambi kesurupan roh leluhur. Jugedane seblang Bakungan nggambaraken isine gendhing kang ditembangaken para sindhe. Kadhung njuged ambi nggindhong nanakan (boneka) iku polane isine gendhing nyeritakaken soal welas asihe wong tuwek. Kadhung njugede ambi nyekel keris, polahe isine gendhing nyeritakaken sengsarane perang. Lan akeh maning jugen-jugedan liyane.
Kadhung penari seblang wis njuged ring nduwure altar (pelonco panggonan uba rampe) iku pertandha ritual seblang wis meh mari.
Pada ambi warga Olehsari, warga Bakungan ugo lega atine kadhung wis nuhoni adat kang wis dadi wajibe kang tujuane makene kampung Bakungan tetep diwelasi Gusti Pengeran sing kurang paran-paran parek penguripan adoh alangan.

BARONG

BARONG BANYUWANGI

Kadhung ring Banyuwangi ana kesenian Barong, ya sing mohal.  Wong Banyuwangi iku seru dhemene nyang kesenian. Paran maning kesenian kaya Barong. Wujude bain apik masiya setengah medeni. Matane mendelik mencorong, rambute jibros, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang. Ring ndhuwur endhase ana makuthane. Kelire maneka warna. Ana abang, kuning, ijo, lan sepiturute kelir kang barak. Sing dijugedaken bain medeni, paran maning kadhung dijugedaken. Aju jugedane jimprak-jimprak kaya arep nguber. Pokoke lare cilik sawanen kadhung buru weruh.
Barong iku dudu kanggo nggambaraken menungsa, naming perlu nggambaraken sebangsa kewan utawa mahluk teka alam alus. Tujuane dudu muja bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alus. Alam kasar iku alam kang katon mata, alam alus yaiku alam kang sing katon mata. Menungsa uga gedigu. Duwe jasad kasar lan jasad alus. Jasad kasar iku rupa tangan, sikil lan sepiturute, jasad alus iku roh. Seteruse ring alam iki ana alam cilik lan alam gedhe. Alam cilik iku menungsa, alam gedhe iku jagad. Dadi alam kasar lan alam alus, jasad kasar lan jasad alus, alam cilik lan alam gedhe iku setemene nyawiji. Mula wong bengen nganggep penting ngerumat harmoni rong alam kang beda mau. Wujude, antarane nganggo kesenian barong.
Kesenian barong ring Banyuwangi ana rong macem. Ana barong kanggo ngarak, lan barong kanggo dipentasaken kang ana lakone. Dulur Kemiren lan saubenge ngarani barong kanggo ngarak iku “barong ngeraina” polahe biyasahe ngarak penganten utawa lare sunat iku wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘barong bengi’ polahe biyasahe dimainaken wayah bengi.
Barong ngeraina akeh-akehe wong wis pating weruh, kadhung barong bengi arang kang weruh lan ngerti polahe kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah lor kulon. Persise ring desa-desa saubenge Kemiren Kecamatan Glagah. Barong bengi nganggo kubung, naming sing kathik genjot polahe ring ahir pentas wayah jam 3 isuk, ana macan-macanan kang ndadi. Kang apik maning ring kesenian barong iki antarane penonton lan pemain bisa omong-omongan kaya dene kesenian Lenong Betawi.
Kesenian iki duwe ciri has kang sing ana ring kesenian liyane yaiku bab sesambungane kang raket ambi leluhur pepundhen desa. Kerana sesambungan kang raket iku wis dadi yakine, angger arep tanggapan sing wani ninggal pamitan nyang Buyut. Yaiku leluhur kang dianggep pepundhene desa. Kadhung Buyute wong Kemiren arane Buyut Cili. Kuburane ring pinggir sawah, ngelencat banyu. Malah kanggo dulur-dulur Kemiren, nguri-uri kesenian barong iku dudu mung kanggo nggolet picis, naming wujud tanggung jawab njaga keselametane desa. Njaga timbange alam kasar lan alam alus, alam lair lan batin.
Kerana niyate ngerumat barong iku wujud sesambungane nyang leluhur pepundhen desa, mula antara grup siji lan liyane sing tau kedaden tukaran, jugil-jugilan, bangkel, paran maning duwe karep ngebes grup liyane. Malah umume h tulung-tinulung nyang grup liyane. Mula setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuan kang lebih dhuwur lan luhur.