ADAT SEBLANG
Adat seblang ring Banyuwangi ana loro, yaiku Seblang Olehsari lan Seblang Bakungan. Diarani Seblang Olehsari polane dianakaken ring Desa Olehsari Kecamatan Glagah lan diarani Seblang Bakungan polane dianakaken ring Desa Bakungan Kecamatan Giri.
Karo-karone tujuane padha yaiku kanggo selametan desa makene sing ana balak belahi teka Gusti Pengeran, desa tentrem adem ayem sing kurang sandhang pangan.
Seblang Olehsari
Seblang Olehsari dianakaken ring minggu kawitan ulan Sawal utawa Lebaran Idul Fitri. Kadang pas lebaran pitung dino utawa enem dina utawa limang dina. Pokoke biyasahe minggu kawitan ulan Sawal. Adat Seblang Olehsari dianakaken lawase pitung dina terus-terusan. Mangkat jam 2 bedhug sampek jam 5 soren.
Kang dadi seblange kudu lare wadon kang magih enom lan magih keturunane Mbah Isem. Kang nentokaken sapa kang dadi seblang dudu sesepuh adat utawa Pak Lurah naming Buyut leluhure wong Olehsari kang wis urip ning alam kelanggengan. Kelendi carane? Biyasahe ring sawijine bengi meh parek pelaksanaan adat seblang roh leluhur mau nyusup nyang salah siji ragane warga Olehsari terus nguweni pituduh kapan pelaksanaane lan sapa seblange.
Ring pelaksanaane ritual adat Seblang Olehsari iku penari seblang njuget ambi kesurupan roh leluhur. Dadi setemene kang njuged iku roh leluhur mung nyilih ragane penari seblang. Kerana kang njuget iku roh leluhur, mula ring sela-selane njuget iku warga kang nyakseni ritual adat iku pating njaluk sarat rupa banyu kang didongane ambi “Buyut”.

Serta dina kang pungkasan utawa dina kang kaping pitu, penari seblang sekira jam 3 soren sakmarine njuget ring ngisore payung agung, aju keliling ngubengi kampung kang diarani prosesi “ider bumi”. Angger ring pojok kampung seblange njuget ambi disakseni para warga kang ngetutaken.
Kadhung wis mari adat seblang dilakoni lawase pitung dina, warga desa Olehsari rumangsa kaya wis mbayar utang atine lega lan girang lan ngarep-arep mugaAllah desane tentrem ayem urip rukun apik sekabehane.
Seblang Bakungan
Seblang Bakungan dianakaken ring Ulan Haji utawa Lebaran Haji. Pelaksanaane mung suwengi. Mangkat jam 7 bengi, marine sekira jam 1 dalu.

Panggonan ritual seblang Bakungan ring ngarepe balai dusun Bakungan. Ring kono para warga tumplek blek guyup milu nyakseni ritual seblang. Para bungkil asil bumi digantung dadi rerenggan kang ndhemenaken dhung disawang.

Kadhung penari seblang wis njuged ring nduwure altar (pelonco panggonan uba rampe) iku pertandha ritual seblang wis meh mari.
Pada ambi warga Olehsari, warga Bakungan ugo lega atine kadhung wis nuhoni adat kang wis dadi wajibe kang tujuane makene kampung Bakungan tetep diwelasi Gusti Pengeran sing kurang paran-paran parek penguripan adoh alangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar