ASAL-USULE WATU DHODHOL
Kanggo keperluane VOC, Residen Schophoff uleh perintah teka atasane supaya ring Banyuwangi dibangun lurung hang keneng diliwati kendharaan sampek gadug nong Surabaya. Mula Residen Schophoff perentah nong Bupati Mas Alit supaya ngurak-urak rakyate kanggo ngersaya. Penjaluk iku dituruti. Rakyat Banyuwangi, tuwek enom, lanang wadon padha gemerudug ngersaya gawe lurung sakat teka kulone pendhapa ngaloraken.
Ngersaya iku sampek ulan-ulanan. Aja takon pira korbane. Rakyat Banyuwangi nalika iku rumangsa dipateni nganggo cara liya. Arep sing mati kelendi? Megawe raina bengi sing kathik diuweni madhang. Aran mayid keleran sak dalan-dalan. Korban saya akeh nalika kudu ndhodhol gunung watu pinggir segara. Mas Alit, bupati Banyuwangi kala iku susah sing kaitungan. Iyane sing gelem rakyate dadi korban tanpa aji. Mula, ngersaya diendhegaken ambi Mas Alit. Sedheng VOC hang bisane mong merintah, weruh ngersaya diendhegaken, jimprak-jimprak muring sing karuan. Lurung kudu gancang mari. Naming balane dhewek sing diperentah milu ngrsaya. VOC mula menange dhewek.
Sebalike Mas alit kukuh nong karepe. “Ngersaya kudu diendhegaken. Rakyat isun wis akeh kang mati. Sedheng Welanda enak-enak malangkerik ambi tuding-tuding. Sing bisa. Ngersaya kudu mogok!” jare Mas Alit tegas nyang Residen Schophoff.
Residen Schophoff sing wani nalar nyang Mas Alit, merga ana resolusi teka Gubernur Jenderal van der Parra hang ana ring Batavia tanggal 7 Desember 1773, kang isine sakliyane ngangkat Mas Alit dadi bupati uga perentah supaya nguwah cara-carane merentah rakyat teka cara kasar nong cara ngapiki rakyat.
Pungkasane, Mas Alit lan Residen Schophoff sepakat nganakaken sayembara. Sapa-sapa kang sagah ndhodhol gunung watu, arep ulih upah tanah hang werane sakat teka gunung watu iku ngidul sampek Sukowidi saiki. Sayembara iku dibukak sampek ulan-ulanan hing ana kang sanggup ngeleboni. Emane Mas Alit enget nyang wong kang arane Ki Martajaya. Bengen Ki Martajaya tau ngabdi dadi juru ramut jaran nong Mas Alit. Kerana uwonge pinter ilmu agama, Ki Martajaya diangkat dadi jaksa agama. Mulane Ki Martajaya ahire kejuluk aran Ki Buyut Jaksa. Saiki Ki Martajaya urip nyepi nong Gunung Silangu, ndhompleng ring pondhoke Kik Lemani kang duwe anak aran Nuriman. Nuriman diempet anak ambi Ki Buyut Jaksa.
Mas Alit perentah nong Singa Teruna, Singa Madya lan singa Dilaga supaya ngadhep nong Ki Buyut Jaksa. Sing kathik engko maning, wong telu iku gancang-gancang nyandhak jaran, lan nunggang jaran ngetepeng ngulonaken. Alas wingit sing dadi alangan. Sekabehe hang urip nong alas padha minggir sing wani nyeriwedi pelayune jaran. Serta gadug Gunung Silangu, wong telu mau kecaruk Kik Lemani lan Nuriman ring pinggir kalen.
“Assalamualaikum!” para Singa uluk salam meh barengan. Kik Lemanhi kang buru ngedhunaken cingkek teka pundhake lan Nuriman kang buru nadhahi banyu gerojogan, sing gancang-gancang semaur. Merga rumangsa sing tau kenal. Naming Kik Lemani sing duwe rasa kuwatir. “Kadhung wong arep nyalah masa ngerti uluk salam?” jare Kik Lemani nong Nuriman.
“Waalaikum salam!” semaure Kik Leman ambi marek nong para Singa hang magih nong ndhuwure jaran iku. “Riko ketelon iki sapa, lan arep nyang endi?” Kik Lemani takon. Para Singa mudhun teka jaran. “Isun ketelon iki diutus teka kabupaten nggoleti Ki Buyut Mertajaya utawa Ki Buyut Jaksa. Jere Kanjeng Mas Alit, uwonge ana ring Gunung Silangu kene. Nawi riko weruh panggonane nyepi, njaluk tulung duduhana.”
“Yeh….. gedigu. Ya ayo tututana isun. Nuriman! Thulik, ayo mulih!”
“Nggih, Pak,” sautĂ© ambi gupuh. Sing antara suwe, para Singa ambi nuntun jarane dhewek-dhewek ngetutaken Kik Lemani lan Nuriman.
Sunare serngenge kenceng temebluk nong mbunbunan. Emane alas ring pinggire Gunung Silangu iku akeh uwit gedhe hang gembel godhonge. Dadi, raina iku tetep kerasa icis. Dalan munggah mudhun dilakoni sampek gadug nong pondhoke Kik Lemani ring ngisore uwit weringin. Ampik-ampik lan atepe digawe teka godhong lalang hang dijepit wilahan jajang. Latare rada wera lan iyub merga empang-empange weringin padha temiyung endhep.
“Iku gubugisun. Ki Buyut Jaksa ana ring njero. Anakisun Nuriman iki diempet anak,” jare Kik Lemani. Kira-kira Ki Buyut Jaksa rungu nong gemerenenge wong papat ring njaba gubug. Mulane iyane aju metu. Serta buru gadug nong lawang, “Eh, riko.” Para singa mau nyaut meh barengan, “Enggih, Ki.”
Wong papat iku aju salaman lan setengah meluk. Mari gedigu Singa Madya, Singa Dilaga lan Singa Teruna lungguh nong jodhog rada dhuwur ring ngisore uwit randhu hang merujuk ring buncu gubug. Wong papat gesah ambi diselani unyik lan guyu.
“Isun mula hing cocog kadhung dikongkon ketemu wong-wong rambut bajang iku. Paran maning dikongkon megawe bareng, aju dikongkon ngelayani kaya dene jongos nyang juragan,’ jare Ki Buyut Jaksa.
“Kepundi nggih? Kula meriki niki, mung ngelampahi perentah. Nawi Ki Buyut mboten purun, nggih kados pundi ulihe kula ngomong teng Ndara Kanjeng Mas Alit?” jare Singa Madya.
“Gedigi baen wis. Isun njaluk sepura. Gadugena salamisun nyang Mas Alit. Baktinisun magih kaya dene ombak segara. Naming atinisun magih bangkel nong wong-wong VOC. Mergane isun lan riko lan kabeh dulur Banyuwangi magih duwe aji.”
Serta wis gesah suwe ambi ngethepi sawi godhogan, para Singa rumangsa sing bisa ngemban perentah. Kedadean iku sing cukup sepisan pindho. Pungkasen pungkas, Ki Buyut Jaksa gelem nerima penjaluke Mas Alit. Naming kelawan sarat wong-wong VOC uga kudu gelem milu ngersaya, lan hang mimpin ngersaya iku kudu anak angkate dhewek, yaiku Nuriman kang mageh sewelas taun umure. VOC gelem nerima sarat iku. Naming Nuriman nampik, merga rumangsa sing anjrah, lare cilik merentah wong-wong kang lebih tuwek umure.
“Nuriman, menungsa urip iku kang penting pengucape. Masiya tuwek umure, naming elek, tanpa ana urub tata keramane, ya sing keneng dianut.”
“Aju napa kang kula lampahi?”
“Isun kang njangkungi. Sira aja wedi.”
Kelawan ati mantep, Nuriman nerima paran kang dikarepaken Ki Buyut Jaksa. Nuriman hang maune diajak gesah nong njero langgar pinggir kalen cilik, aju melaku nong gubuge dhewek. Langgar pinggir kalen iku digawe teka tumpukan watu tanpa dicampur luluh. Atepe digawe teka lalang.
Serngenge lingsir, kesilep ring walike gunung kulon. Suwarane cenggeret lan sekabehane kewan alas saut-sautan. Ki Buyut Jaksa lungguh silah dhewek ring tengah langgar, tanpa ana urube dammar. Sing antara suwe, mara-mara ana suwarane angin gemerosok keliwat-liwat. Naming sekabehane uwit-uwitan sing ana kang ubah. Gemerosok suwara mau temakaken abene angin kang ngeteraken rombongan dhemit ampyak-ampyakan teka elor Gunung Silangu.
Rombongan dhemit iku ana kang tukang mikul rajane. Jare, serange gedhene raja dhemit iku, endhase iku kaya barong lan awake dawa kaya lumping. Rombongan dhemit iku mula diceluk ambi Ki Buyut Jaksa. Raja dhemit adhep-adhepan ambi Ki Buyut Jaksa ring njero langgar. Para perajurit dhemit hang ewonan akehe padha nganteni ring njaba langgar.
“E, e, e… gonjleng, gonjleng, gonjleng …… langit sun sundhul, mega sun semprong lan segara sun uyup. Ana paran riko nekakaken isun?” jare rajane dhemit.
“Wangsa lelembut, lebu ring delamakanisun, bumi ring kethemanisun. Mula nyeja suntekakaken sira, supaya gelem ngerewangi ndhodhol gunung watu pinggir segara ring enggon siro urip.”
“Isun gelem ngerewangi. Naming ana telung sarat hang kudu riko turuti. Kawitan, aja ndodhol lebih teka anjir kang sunpathekaken. Kepindho, isun gawekna panggonan lungguh ring wetane dhodholan hang parek ambi segara. Lan kaping telu, rika lan turunan riko kudu gelem sambang-sambangisun angger taun.”
“Telung sarat kang riko jaluk sunturuti,” jare ki Buyut Jaksa. “Isun njaluk tulung riko uga ngurak sekabehe perajurit riko supaya milu ngerewangi. Kang mimpin engko anakisun kang ran Nuriman.
“Kadhung gedigu, anakriko kudu nggawa kayu iki,” jare raja dhemit ambi ngelungaken kayu gedhene sak lengene lare cilik, dawane mung rong kilan.
Gesah antarane menungsa lan dhemit iku sampek tengah wengi. Rombongan dhemit mulih ninggalaken Gunung Silangu kaya mercon celorotan padha melesat ngalor.
Dina kang dijanjekaken wis teka. Para utusan Mas Alit padha nyusul Ki Buyut Jaksa. Serta para utusan mau gadug nong Gunung Silangu, Ki Buyut Jaksa, Kik Lemani lan Nuriman mapag kaya dene nampa dhayoh. Serta mari gesah ngalor ngidul, para utusan mau ngiring Nuriman kang ngempit kayu kanggo mimpin ngersaya. Nuriman diiring nong pendhapa aju rame-rame melaku ngalor, mudhun jurang, ngerobyok kalen sampek gadug nong gunung watu. Ki Buyut Jaksa mung njangkungi teka Gunung Silangu. Naming suwarane bisa mbisiki nong kupinge Nuriman.
“Nuriman, goletana sulung anjir wetan lan kulon. Gunung watu hang ring antarane rong anjir iku hang keneng didhodhol. Ring wetane anjir wetan, umanana segundhug watu kanggo tetenger,” bisike suwarane Ki Buyut Jaksa. Ki Buyut Jaksa sing njelasaken gok segundhug watu hang dikarepaken ring pinggir segara iku mula penjaluke raja dhemit kanggo pelungguhane.
Ngersaya dikawiti Mas Alit, diterusaken Residen Schophoff lan seteruse ngersaya rame-rame antarane rakyat Banyuwangi lan wong-wong VOC. Sekala iku, para dhemit milu nulungi, naming sing ngewujud nong alam menungsa. Kadhung bengi para dhemit mau wujud macan.
Emeh telung candra, ngersaya ndhodhol gunung watu buru bisa dimarekaken. Dalan teka kidul gunung wis bias nimbus watu lan nyambung ambi dalan elor gunung. Kabeh pada lega lan girang, penggawean wis rampung. Segundhug watu ring pinggir segara kang setemene panggonan lungguh raja dhemit iku saiki kejuluk aran Watu Dhodhol. Gunung Silangu panggonane Ki Buyut Jaksa nyepi, saiki dadi kampung Boyolangu.
Kanggo mbayar semaya kang wis kaucap Ki Buyut Jaksa nong raja dhemit, sampek saiki saben tanggal sepuluh sawal utawa lebaran, masarakat Boyolangu ampyak-ampyakan nong Watu Dhodhol ambi numpak dhongkar kang diarani adat “Puter Kayun”. Embuh ngerti embuh using kadhung puter kayun nyang Watu Dhodhol iku bengen dikarepaken enggo nyambang raja dhemit kaya kang wis dadi janjine Ki Buyut Jaksa.
Ki Buyut Jaksa kuburane nong Boyolangu. Umah panggone utusane Mas Alit kaya Singa Madya, saiki dadi kampung Singamayan. Singa Teruna dadi Singotrunan, lan Singa Dilaga dadi kampung Singodilagan.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar